Minggu, 20 Mei 2012

cerpen-goreh



A

marga motore lagi neng bengkel, bubaran nyambut gawe Rina ora njujug parkiran nanging bablas tumuju gerbang PT. AULIA JAYA, papane nyabut gawe sa suwene iki. Dheweke arep ngebis utawa golek boncengan.
“Yen aku wis nduwe bojo.. dak kon metuk ora repot kaya ngene. Nanging …” ngono batine Rina, wanita umur 35 tahun iku ora diteruske jalaran ketluru kelancangan Tiwi, kancane liya bagian.
“Wi… Tiwi aku bonceng tekan prapatan Godean!” pambengoke. Nanging sing dibengoki ora noleh, panggah ngidit wae. Malah banjur cuh.. cuh.. idu kaping pindho njalari Rina kaget lan kelara-lara.
“ Salahku ki opo… geneya Tiwi tekan sing semono?” batine karo ngelus dhadha, mripate nyawang ngarep, senajan Tiwi wis bablas ora kato buntute meneh.
Foto-0093 (2).jpgRina bisane mung jegreg ing gapura gerbang, kanthi rasa campur adhuk dadi siji, lara, mangkel, susah, ora terima lan embuh liyane. Kedadeyan sing marai goreh atine iku ginawa bali, kapara tekan wengi dheweke ora bisa turu metani apa salahe kathik Tiwi nganti gina dheweke. Gawang-gawang Rina kelingan, Tiwi kuwi kanca kenthele sa suwene iki. Biyen sekolahe amor dadi siji, yen mulih utawa banjur dolan-dolan barebg reruntungan. Nagnti nyambut gawe wae, bisa dadi siji sa kantor, senajan liya bagian. Sa suwene iki, sesambungane ora tau ana cecongkrahan, kepara yan mangan awan ana kantin budhale ampir-ampiran. Banjur apa jalarane, Tiwi nasu? Nyut,… Rina kelingan, apa jalaran wingi sore dheweke mbonceng Mas Pras bojone Tiwi?.
Rina Grememeng dhewe, “Owalah Tiwi… Tiwi. Mung kaya mengkono kok dadi masalah! Aku ki ora bakal ngrebut duwekmu. Aku ki nek wis karep, pilihanku okeh, nganti David Villa utawa Mueller!” pisuhe getem-getem kawetu.
Esuke kedadeyan mau diceritaake kanca-kancane sa ruangan, ana Atik, Zahra lan Dhimas. Zahra lan Dhimas biasa-biasa wae, dene atik naggapi serius, banjur komentar “Wah, nek kui wis keterlaluan Rin! Kanthik ngidoni barang,”
“Ya jelas to, idu je! Padha wae ngidak-ngidak harga dhiriku, kamangka aku ora ngapa-ngapa karo Pras, mung mbonceng-ceng seko bengkel kae! Wis, wiwit siki aku ora sudi srawung karo Tiwi. Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya kayu emoh nyolek, dadiya godhong emoh nyuwek!”
Krungu tembunge iku, Dhimas banjur celathu, “Lamun yen dadi banyu, kayu, utawa godhong mbak. . . lah yen dadi dhuwit? Apa njenengan ya emoh njupuk? Hahahahahaha . . .!” kabeh saruangan ngguyu kabeh, dene Rina mung mesem kecut nyawang Dhimas sing ngguyu ngakak.
“Ra solidaritas!” tembunge Rina marang Dhimas karo mbalang tissue. Sinambi ngetokake berkas-berkas tugase, Zahra urun rembug, “Sabar Rin, sing longgar wae. Mbok menawa Tiwi pancen ora krungu,” tembunge Zahra sereh.
“Ora krungu apane? Barang mung cedhak kok ora krungu! Ya niat ngajak mungsuhan kuwi kok. Wis cetha!” Kandhane Rina yakin. Atik nimbrung “Dilabrak wae Rin! Nggo pelajaran, ben kapok!” Zahra kaget, banjur nyedhaki kancane iku.
“Eh aja dilabrak. Ana masalah di rembug apik-apik. Awake dhewe ki golek tentrem ora golek perkara, golek sedulur ora golek mungsuh. Ya wis, saiki dirembug dhisik apike piye,” kandhane Zahra serius. Banjur Zahra Rina lan Atik, rembugan dene Dhimas mbukak laptop, karo mesam-mesem enjoy. Keputusane. Mengko jam istirahat, wong telu arep nemoni Tiwi ing kantin, njaluk klarifikasine.
Temenan, wayah jam istirahat, tiga sekawan iku gegancangan tumuju kantin nggoleki Tiwi. Ndilalah sing digoleki wus lungguh ijen ing pojokan karo sangga uwang. Praupane sruntrut, pucet lan kanton lemes. Kanthi sareh, sabar lan ngati-ati, Zahra mbukani rembug kedadeyan sing dialami Rina ing plataran perusahaan wingi sore, marang Tiwi. Tiwi kaget, nanging banjur paham lan terus kandha, “Yen aku dikira ngia mbak Rina, ya aku nyuwun ngapura. Nanging yakin, aku wingi meneng wae lan idu jalaran aku kagi lara untu Mbak. Aku numpak motor wingi kaya wong ora eling, untuku lara, sirahku mumet, lan mripatku klepyur-klepyur, dadi aku ora nglegawa yen nglancangi lan dibengoki Mbak Rina. Untunge aku bisa slamet tekan ngomah diayomi Sing Maha Kuwasa,” kandhane Tiwi gamblang, mantep.
Atik cingak, Rina kecipuhan, dene Zahra mesem lega, banjur kandha, “Wis cetha ta Rin? Mulane awake dhewe ki aja gampang duwe panduga ala marang liyan. Becike ayo ngulinakake positif thinking lan positif feeling ngono kae, kareben ora gampang salah faham, emosi, lan atine goreh” Rina manthuk-manthuk banjur njaluk ngapura marang Tiwi. Wong loro salaman raket.
Plong . . . lega rasane, sing marake ati goreh jebul Tiwi lara untu. Tiwas wis nduweni panduga ala, pikiran werna-werna. Langit biru kang rinengga mega putih arak-arakan, katon endah sinawang saka cendela kantin, kaya endahing ati kang luput saka cecongkrahan.



#Kapetik saka Kedaulatan Rakyat/Mekar Sari / 15 Agustus 2010/halaman 15 kanthi besutan


0 komentar:

Posting Komentar

Blogger templates


Blogger news

Popular Posts

Popular Posts

Categories

Labels

Blogroll